Pupuh Sinom
Pada 01
Ambeke kang wus utama, tan
ngendhak gunaning jalmi, amiguna ing aguna, sasolahe kudu bathi, pintere den
alingi, bodhone didokok ngayun, pamrihe den inaa, mring padha padhaning jalmi,
suka bungah den ina sapadha-padha.
Perilaku orang yang telah
mencapai tataran sempurna tidak akan membatasi atau mencela kepandaian orang
lain, kepandaiannya disembunyikan sedangkan kebodohannya ditampilkan agar
dihina, jangan sampai ada yang menyebutnya pandai, ia merasa bahagia jika ada yang
menghinanya
Pada 02
Ingsun uga tan mangkana, balilu
kang sun alingi, kabisan sun dokok ngarsa, isin menek den arani, balilune
angluwihi, nanging tenanipun cubluk, suprandene jroning tyas, lumaku ingaran
wasis, tanpa ngrasa prandene sugih carita.
Aku pun tidak begitu,
kebodohankulah yang aku tutupi dan kepandaianku yang aku kedepankan karena malu
jika disebut bodoh oleh orang lain, padahal aku bodoh namun ingin disebut
pandai sehingga tanpa sadar (aku) banyak bercerita bohong
Pada 03
Tur ta duk masihe bocah, akeh
temen kang nuruti, lakune wong kuna-kuna, lelabetan kang abecik, miwah carita
ugi, kang kajaba saking embuk, iku kang aran kojah, suprandene ingsun iki, teka
nora nana undaking kabisan.
Padahal ketika aku masih kecil
banyak yang bercerita tentang perilaku orang jaman dulu mengenai pengabdian
yang baik serta cerita, termasuk cerita yang tidak benar adanya yang disebut
dongeng, meskipun demikian, kepandaianku tidaklah bertambah
Pada 04
Carita nggonsun nenular, wong
tuwa kang momong dingin, akeh kang padha cerita, sun rungokna rina wengi,
samengko isih eling, sawise diwasa ingsun, bapa kang paring wulang, miwah ibu
mituturi, tatakrama ing pratingkah karaharjan.
Adapu cerita yang kuberikan ini
kuturunkandari orang tua yang mengasuhku dulu, banyak cerita yang kudengarkan
baik siang maupun malam sampai sekarang masih aku ingat. Setelah aku dewasa,
ayah yang memberiku nasihat, sedangkan ibu yang mengingatkan tentang tata karma
dan tingkah laku kebaikan
Pada 05
Nanging padha estokana, pitutur
kang muni tulis, yen sira nedya raharja, anggone pitutur iki, nggoningsun
ngeling-eling, pitutur wong sepuh-sepuh, mugi padha bisa, anganggo pitutur iki,
ambrekati wuruke wong tuwa-tuwa.
Namun turitilah nasihat yang
tertulis ini, jika kau menghendaki keselamatan, laksanakan nasihat yang kuingat
dari tetua, mudah-mudahan kalian dapat melaksanakan nasihat ini, sebab
ajaran orang tua akan membawa berkah
Pada 06
Lan aja nalimpang madha, mring
leluhur dhingin dhingin, satindake den kawruhan, ngurangi dhahar lan guling,
nggone ambanting dhiri, amasuh sariranipun, temene kang sinedya, mungguh wong
nedheng Hyang Widdhi, lamun temen lawas enggale tinekan.
Dan jangan ada yang berani
mencela leluhur. Pahami laku berupa mengurangi makan dan tidur dengan cara
‘menyakiti’ diri untuk membersihkan diri sehingga akhirnya tercapai segala yang
diinginkan. Adapun orang yang memohon kepada Yang Mahakuasa, cepat atau lambat
akan dikabulkan jika sungguh-sungguh.
Pada 07
Hyang sukma pan sipat murah,
njurungi kajating dasih, ingkang temen tinemenan, pan iku ujare Dalil, nyatane ana ugi, nenggih Ki Ageng Tarub, wiwitira nenedha, tan pedhot tumekeng siwi,
wayah buyut canggah warenge kang tampa.
Bukankah Yang Mahamulia itu
memiliki sifat Mama Pemurah yang mengabulkan segala keinginan yang sungguh-sunguh.
Bukankah demikian yang dikatakan hadits. Buktinya juga ada. Ki Ageng Tarub tak
henti-hentinya memohon sehingga anak, cucu, buyut, canggah, wareng ikut
mewarisinya
Pada 08
Panembahan senopatya, kang
jumeneng ing Matawis, iku barang masa dhawuh, inggih ingkang Hyang Widdhi,
saturune lestari, saking berkahing leluhur, mrih tulusing nugraha, ingkang keri
keri iki, wajib uga niruwa lelakonira.
Panembahan Senopati yang
memerintah di Mataram pun berkesesuaian dengan dengan anugrah Yang Mahaesa
keturunasnnya berkuasa turun temurun dari berkah leluhur . agar berkahmu
lestari, seyogyanya kau ikuti laku
Pada 09
Mring leluhur kina-kina, nggonira
amati dhiri, iyasa kuwatanira, sakuwatira nglakoni, cegah turu sathithik, lan
nyudaa dhaharipun, paribara bisaa, kaya ingkang dingin dingin, aniruwa
sapretelon saprapatan.
Para leluhur jaman dulu.
‘Menyiksa diri sudah barang tentu semampumu, semampu kau melaksanakannya.
Kurangi sedikit tidur dan makanmu. Tidak perlu meniru seluruhnya perilaku
leluhur, sepertiganya atau seperempat saja sudah cukup
Pada 10
Pan ana silih bebasan, padha
sinauwa ugi, lara sajroning kapenak, lan suka sajroning prihatin, lawan ingkang
prihatin, mana suka ing jronipun, iku den sinauwa, lan mati sajroning urip,
ingkang kuna pan mangkono kang den gulang.
Bukankah ada peribahasa
‘belajarlah dalam nikmat, sakit dalam sehat, senang dalam penderitaan, prihatin
dalam kesukaan, dan matilah dalam hidup. Begitulah laku orang jaman dulu
Pada 11
Pamore gusti kawula, punika
ingkang sayekti, dadine socaludira, iku den waspada ugi, gampange ta kaki,
tembaga lan emas iku, linebur ing dahana, luluh awor dadi siji, mari nama
tembaga tuwin kencana.
Perhatikan pula manunggaling
kawula gusti yangsesungguh-sungguhnya bagai sotyaludira (roh suci). Secara
sederhana, Anakku, emas dan tembaga itu lebur dalam api, bercampur menjadi
satu, hilanglah nama tembaga dan emasnya
Pada 12
Yen aranana kencana, dene wus
awor tembagi, yen aranana tembaga, wus kaworan kancanedi, milanya den westani,
aran suwasa punika, pamore mas tembaga, mulane namane salin, lan rupane sayekti
yen warna beda.
Jika dinamakan emas sudah
bercampur tembaga, jika disebut tembaga sudah bercampur dengan emas, oleh
karenanya disebutlak suasa yang merupakan campuran mas dan tembaga. Adapun
namanya berubah karena warna dan wujudya berubah
Pada 13
Cahya abang tuntung jenar, puniku
suwasa murni, kalamun gawe suwasa, tembaga kang nora becik, pambesate tan
resik, utawa nom emasipun, iku dipunpandhinga, sorote pasthi tan sami, pan
suwasa bubul arane punika.
Suasa murni berwarna merah
kekuning-kuningan . jika membuat suasa dengan tembaga yang tidak baik,
pegolahannya tidak bersih, atau masnya muda, maka tidak akan bercahaya,
namanya pun suasa bubul
Pada 14
Yen sira karya suwasana, darapon
dadine becik, amilihana tembaga, oliha tembaga prusi, biresora kang resik,
sarta masira kang sepuh, resik tan kawoworan, dhasar sari pasti dadi, iku kena
ingaranan suwasa mulya.
Jika kau ingin membuat suasa yang
baik, pilihlah tembaga yang baik, syukur-syukur jika mendapatkan tembaga prusi,
diolah dengan bersih, emas tua dengan dasar sari yang tidak tercampuri, hasilnya
adalah suasa mulia
Pada 15
Puniku mapan upama, tepane badan
puniki, lamun karsa ngawruhana, pamore kawula Gusti, sayekti kudu resik, aja
katempelan napsu, luwamah lan amarah, sarta suci lahir batin, pedimene apan
sarira tunggal.
Itu hanyalah sebuah perumpamaan
sebagai ukuran badan ini. Jika kau ingin memahami manunggaling kawula gusti,
sesungguhnya harus bersih, jangan terhinggapi nafsu lawamah dan nafsu amarah,
serta suci lahir batin agar jiwamu hening
Pada 16
Lamun mangkonoa, sayektine nora
dadi, mungguh ilmu kang sanyata, nora kena den sasabi, ewoh gampang sayekti,
punika wong darbe kawruh, gampang yen winicara, angel yen durung marengi, ing
wetune binuka jroning wardaya.
Jika tidak demikian, yakinlah
tidak akan terjadi. Mempelajari ilmu yang sejati didak boleh diduakan. Bagi
yang belum memperoleh pengetahuan memang repot jika tidak sungguh-sunguh. Mudah
berbicara namun sulit jika belum terbuka
Pada 17
Nanging ta sabarang karya, kang
kinira dadi becik, pantes yen tinalatenan, lawas-lawas bok pinanggih, den
mantep ing jro ngati, ngimanken tuduhing guru, aja uga bosenan, kalamun arsa
udani, apan ana dalile kang wus kalawan.
Namun demikian, segala hal yang
diperkirakan baik, itu layak jika kau tekuni, lama-kelamaan juga akan kau
temukan dan menetap dalam hatimu. Yakini petunjuk guru, jangan cepat bosan jika
hendak mencapai kemuliaan karena memang demikianlah hukum yang sudah tertuang
dalam dalil
Pada 18
Marang leluhur sedaya, nggone
nenedha mring Widhi, bisaa ambabonana, dadi ugere rat Jawi, saking telateneki,
nggone katiban wahyu, ing mula mulanira, lakune leluhur dingin, andhap asor
anggone anamur lampah.
Seluruh leluhur jaman dulu dalam
memohon kepada Yang Mahakuasa agar dapat menguasai Negara dan menjadi pusat
tanah Jawa diperolehnya melalui wahyu karena mereka rendah hati dalam
melaksanakan laku
Pada 19
Tampane nganggo alingan, pan
padha alaku tani, iku kang kinaryo sasap, pamriha aja katawis, jub rina lawan
kabir, sumungah ingkang den singkur, lan endi kang kanggonan, wahyune karaton
Jawi, tinampelan anggape pan kumawula.
Laku dilaksanakan secara
diam-diam sambil bertani. Sikap seperti itu dilakukan agar tidak kentara serta
bersikap tidak menyombongkan kemampuan diri bahkan mau mengabdi kepada siapapun
yang memperoleh wahyu keraton jawa.
Pada 20
Punika laku utama, tumindak sarto
kekaler, nora ngatingalke lampah, wadine kang den alingi, panedyane ing batin,
pan jero pangarahipun, asore ngemurasa, prayoga tiniru ugi, anak putu aja ana
ninggal lanjaran.
(penyamaran) Itulah laku yang
utama, tidak menampakkan bahwa ia sedang menjalankan laku, sehingga yang
disamarkan itu merupakan cita-cita tersembunyi dalam hati, jauh dikejar karena
di situlah manungaling kawula gusti mencapai kedalaman. Hal demikian baik jika
ditiru, Anak cucuku agar tidak kehilangan keturunan
Pada 21
Lan maning ana wasiyat, prasapa
kang dingin dingin, wajib padha kawruhana, anak putu ingkang kari, lan aja na
kang wani, nerak wewaleripun, marang leluhur padha, kang minulyakaken ing
Widdhi, muga-muga mufaatana ing darah.
Dan ada lagi wasiat berupa tabu
yang terucap pada jaman dulu. Wajib kau ketahui sebagai anak cucu yang
terakhir, dan jangan ada yang berani melanggar tabu leluhur yang dimuliakan
oleh Yang Mahaesa. Mudah-mudahan bermanfaat bagi keluarga besar
Pada 22
Wiwitan ingkang prasapa, Ki Ageng
Tarup memaling, ing satedhak turunira, tan linilan nganggo keris, miwah waos
tan keni, kang awak waja puniku, lembu tan kena dhahar, daginge pan nora keni,
anginguwa marang wong wadon tan kena.
Yang pertama kali mengucapkan
tabu adalah Ki Ageng Tarub. Ia berpesan agar keturunannya tidak mengenakan
keris dan tumbak yang terbuat dari baja, tidak boleh makan daging sapi, dan
tidak boleh memelihara abdi perempuan wandan
Pada 23
Dene Ki ageng Sela, prasape
ingkang tan keni, ing satedhak turunira, nyamping cindhe den waleri, kapindhone
tan keni, ing ngarepan nandur waluh, wohe tan kena dhahar, Panembahan Senopati,
ingalaga punika ingkang prasapa.
Adapun Ki Ageng Sela mengucapkan
tabu, bahwa keturunannya tidak diperbolehkan berkain cindai, tidak diperbolehkan
menanam labu di depan rumah dan tidak boleh memakan buahnya. Panembahan
Senapati Ingalaga mengucapkan tabu
Pada 24
Ingkang tedhak turunira, mapan
nora den lilani, anitiha kuda napas, lan malih dipun waleri, yen nungganga
turangga, kang kakoncen surinipun, dhahar ngungkurken lawang, wuri tan ana
nunggoni, dipun emut punika mesthitan kena.
Bahwa keturunannya tidak
diperkenankan mengendarai kda berwarna abu-abu kekuning-kuningan dan dilarang
menunggang kuda yang surainya dikepang, makan membelakangi pintu kecuali di
belakangnya ada yang menjaga. Ingatlah dan jangan ada yang melanggar itu
Pada 25
Jeng Sultan Agung Mataram, apan
nora anglilani, mring tedhake yen nitiha, kapal bendana yen jurit, nganggo waos
tan keni, lamun linandheyan wregu, datan ingaken darah, yen tan bisa nembang
kawi, pan prayoga satedake sinauwa.
Kanjeng Sultan Agung Mataram
mengucapkan tabu bahwa keturunannya tidak diperkenankan menunggang kyda yang
rewel jika diajak bertempur, tidak memperkenankan tumbak ang bergagang kayu
wregu vserta tidak akan diakui sebagai keturunan (Mataram) jika tidak dapat
membaca tembang kawi dan mengharuskan belajar tembang kawi
Pada 26
Jeng Sunan Pakubuwana, kang
jumeneng ing Samawis, kondur madek ing Kartasura, prasapanira anenggih, tan
linilan anitih, dipangga saturunipun, Sunan Prabu Mangkurat, waler mring
saturunreki, tan rinilan ujung astana ing Betah.
Kanjeng Sunan Pakubuwana yang
dilantik di Semarang kemudian berkuasa di Kartasura mengucapkan tabu bahwa
keturunannya tidak diperbolehkan menunggang gajah. Sunan Prabu Amangkurat
mengucapkan tabu bahwa keturunannya dilarang berziarah ke makam Butuh
Pada 27
Lawan tan kena nganggowa, dhuwung
sarungan tan mawi, kandelan yen nitih kuda, kabeh aja na kang lali, lawan aja
nggogampil, puniku prasapanipun, nenggih Kang jeng Susunan, Pakubuwana ping
kalih, mring satedhak turunira linarangan.
Jika sedang menungang kuda tidak
boleh menyandangkeris tanpa pendhok. Janganlah kau meremehkan tabu-tabu di
atas. Adapun Kanjeng Susuhunan Pakubuwana II mengucapkan tabu bahwa keturunannya
dilarang
Pada 28
Dhahar apyun nora kena, sinerat
tan den lilani, nadyan nguntal linarangan, sapa kang padha nglakoni, narajang
waler iki, pan kongsi kalebon apyun, pasti keneng prasapa, linabakken
tedhakneki, Kanjeng Sunan ingkang sumare Nglawiyan.
Madat, baik dihisap maupun
dimakan. Barang siapa melanggar tabu dengan madat akan dikeluarkan dari daftar
keturunan Kanjeng Sunan yang dimakamkan di Laweyan
Pada 29
Prasapa Kangjeng Susunan,
Pakubuwana kaping tri, mring satedhak turunira, apan nora den lilani, agawe
andel ugi, wong sejen ing jinisipun, apan iku linarangan, anak putu wuri-wuri,
poma aja wani anrajang prasapa.
Adapun Kanjeng Susuhunan III
mengucapkan tabu bahwa keturunannya tidak diperbolehkan mengangkat orang
kepercayaan yang bukan berasal dari bangsa sejenis, serta anak cucu tidak
diperkenankan melanggar larangan
Pada 30
Wonten waler kaliwatan, saking
luhur dingin dingin, linarangan angumbaha, wana Krendhawahaneki, dene kang
amaleri, Sang Danan Jaya rumuhun, lan malih winaleran, kabeh tedhak ing
Matawis, yen dolana mring wana tan kena.
Masih ada tabu leluhur ang
terlewat, yaitu dilarang merambah Hutan Krendhawana. Adapun yang mengucapkan
tabu tersebut adalah Dananjaya. Ada lagi tabu bagi keturunan Mataram, yaitu
tidak diperkenankan bermain-main di hutan atau rawa-rawa
Pada 31
Dene sesirikanira, yen tedhak ing
Demak nenggih, mangangge wulung tan kena, ana kang nyenyirik malih, bebet
lonthang tan keni, yeku yen tedhak Madiyun, lan payung dadaan abang, tedhak
Madura tan keni, yen nganggowa bebathikan parang rusak.
Adapun tabu bagi keturunan Demak
adalah mengenakan pakaian berwarna ungu, tabu keturunan Madiun adalah kain
panjang luntang dan paying berhias merah, tabu keturunan Madura adalah
mengenakan batik bermotif parang rusak
Pada 32
Yen tedhak Kudus tak kena, yen
dhahara daging sapi, yen tedhak Sumenep iku, nora kena ajang piring, watu tan
den lilani, lawan kidang ulamipun, tan kena yen dhahara, miwah lamun dhahar
ugi, nora kena ajang godhong pelasa.
Keturunan Kudus tidak boleh makan
daging sapi, keturunan Sumenep tidak diperkenankan makan dengan piring batu,
makan daging kijang, dan dilarang menggunakan daun plasa sebagai alas makan
Pada 33
Kabeh anak putu padha,
eling-elingan ywa lali, prasapa kang kuna-kuna, wewaler leluhur nguni, estokna
away lali, aja nganti nemu dudu, kalamun wani nerak, pasti tan manggih basuki,
Sinom salin Girisa ingkang atampa.
Semua abak cucu, camkan dan
jangan lupa tabu zaman kuno warisan leluhur, patuhilah jangan sampai ada yang
melanggar. Barang siapa berani melanggar pasti tidak akan selamat dan yang
mendengar ini supaya giris (girisa merupakan isyarat pola tembang berikutnya,
yaitu girisa)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar